Minggu, 10 Oktober 2010

Lebaran

       Poso sampun rampung, kula seneng banget. Sonten nipun sesampunipun buka lan sholat. Kula budal wonten masjid nglaksanaake takbiran. Dinten Jum'at kula bidal wonten masjid, badhe nglaksanaake sholat Id. Wangsul sholat Id kula sungkem kalihan tiyang sepuh lan ba'dan wonten dalem nipun tanggi-tanggi. Dinten Sabtu kula teras wonten Wedarijaksa amargi wonten halal bihalal kalihan sedulur liyane. Sonten nipun kula kesah wonten Semarang badhe sungkem kalihan simbah lan nginep wonten dalem nipun sedulur. Dinten Minggu sonten kula dugi Pati.

Senin, 30 Agustus 2010

Bahasa Jawa

1.  Sinten               : Sinten ingkang piket dinten niki?
2.  Lare                 : Pak Joko gadhah lare kalih. Naminipun Lara lan Kiko.
3.  Pripun              : Pripun kabar nipun pak?
4.  Menika            : Dinten menika Ibu mboten tindhak pasar. Amargi ibu nembe gerah waja.
5.  Wangsul           : Sinta nembe wangsul saking sekolah.
6.  Tumurun           : Pak Riko nembe tumurun saking pesawat.
7.  Pangapura        : Dinu nyuwun pangapura kalihan tiyang sepuh nipun.
8.  Mangartos        : Kula mboten mangartos panjenengan dinten menika.
9.  Saged               : Sinta mboten saged bidal sekolah, amargi nembe kesah wonten Semarang.
10. Jumeneng         : Pak Lurah jumeneng wonten papan pidhato.
11. Tumindhak       : Tiyang ingkang tumindhak ipun ala mesti pikantuk balesan.
12. Kasatyaning     : Kasatyaning Raden Arjuna mboten wonten ingkang ngalahke.